Future Video

Thursday 12 January 2012

MC Nikah Jawa



PANGAYUBAGYA PAHARGYAN PENGANTEN

Assalamu alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahirrobil alamin wabihi nastain alaa umuriddunyaa waddin,wassolatu wassalamu alaa asyrofil ambiyai waimaamil mursaliin saiidina wamaulanaa Muhammadin Sollahu Alaihi Wasalam wa alaa alihi wasohbihi ajmain (amma ba’du)

Para alim ulama’ingkang satuhu kinabekten
Para sesepuh tuwin pini sepuh ingkang dhahat pinundhi-pundhi.
Para rawuh kakung miwah putriingkang satuhu pantes sinadarsana

Nuhoni pamundutipun Bapak / Ibu……………. (naminipun ingkang diwakili) sakeluarga, ingkang ing dinten punika amengku karya nindaaken darmaning ngasepuh amiwaha putrinipun ingkang asesilih rara ayu……………….Kaliyan Bagus………………, Putranipun Bapak…..Kula kadhawuhan sowan matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya.

Inggih awit saking bombonging sarta bembenging pengalihipun, candranipun kejugrugan ing wukir sari, kabenan ing seganten madu, panjenenganipun mboten saget anyarirani piyambak sowan matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, ngaturaken punapa ingkang dados prentuling penggalihipun.

Minangka purwakaning atur, sumangga sami sesarengan ngunjukaken puja pudyastuti syukur konjuk ing ngarsaning Allah SWT ingkang sampun kepareng paring nugraha dumateng Bapak / Ibu………………..(naminipun ingkang diwakili) punapa dene gotrah, anggenipun kagungan kersa andhaupaken ingkang putra sampun saget kalampahan wilujeng selamet mboten wonten sambikala punapa-punapa.

Kaping kalihipun Bapak / Ibu…………(naminipun ingkang diwakili) sabrayat, kanti bebeg birawaning manah ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken pambagyo wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para rawuh sedaya ingkang sampun kersa ngrawuhi pawiwahan punika saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu wilujeng dumateng sri penganten sarimbit, sumrambah dumateng sanak sederek sedaya.

Rawuh panjenengan sedaya kaaturaken marhaban ahlan wasahlan bikhudhurikum ( Sugeng rawuh, sugeng pinarak )
Ingkang sami amengku karsa wiwah gotrah ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami katur para sanak sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para muda-mudi sadaya ingkang sampun paring pambiyantu lan paring tanda tresna awujud punapa kemawon. Punika sedaya sayektos adamel mongkog sarat bombonging penggalihipun.

Inggih awit saking punika, panjenenganipun mboten saget amhyahaken punapa-punapa. Sagetipun namung ngaturaken puja widyastuti mugi angsala sih kautaman panjenengan sedaya sangking ngarsanipun Allah, sarta angsala piwales sih kanugerahan ingkang matikel-tikel

Jazaa kumullahu khoiron katsiro wataqobbal minkum Amiin Allahumma Amiin
Para lenggah ingkang kinormatan.
Sapunika penganten kekalih sampun kula sowanaken marak ing ngarsa panjenengan, saperlu kula suwunaken tambahing berkah pangestu panjenengan. Mugi-mugi anggenipun jejodohan saget atut runtut rerentengan, widadari lestari mulya, winantu ing rahayu,ngantos dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen.Tuwin enggal angsala momongan ingkang shaleh lan shalehah. Amiin Allahumma Amiin

Minangka wasaning atur, Bapak / Ibu……..( naminipun ingkang diwakili ) sagotrah nyuwun agungipun pangaksama, keranten sinaoso sedaya sampun karancang dakik-dakik, ing sedya sageda adamel suka reraning penggalihipun para tamu sedaya, nanging sedaya kala wau namung dayaning titah sawanta, ingkang langeh dumugining sampurna, lan kepara kula anglenggana ing kalepatan saha kekhilafan. Matur Suwun

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Keterangan :
- Amiwaha = Pesta perkawinan
- Wukir = Gunung
- Gotrah = Keluarga
- Candranipun = Perumpamaan
- Sari = Emas
- Amhyahakaken = Memberi balasan


Nor Kholis : Mantan Sekretaris IPNU PAC Jekulo


0 komentar:

Post a Comment

Mobil Bekas
Pasang Iklan Rumah
Kontak Jodoh